• SDN GELARAN 2 KARANGMOJO
  • Where Tomorrow's Leaders Come Together

Tuladha Pidhato Basa Jawa Tema Perpisahan

PIDATHO 1

Assalamualaikum w.r.w.b.

Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala Sekolah lan Bapak/Ibu Wali kelas saha kula tresnani rencang-rencang SDN Gelaran II.

Alhamdulillah, puji syukur katuraken in ngarsanipun Gusti Allah awit ing wekdal menika kita taksih pinaringan karaharjan saengga ing wekdal menika kita saged makempal wonten ing papan punika.

Kula, wakil saking kelas enem, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru.

Awit saking sih katresnan bapak ibu guru sedaya, kula lan rencang-rencang saged ngrampungaken kewajiban ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan SDN Gelaran II menika.

Nyuwun pangapunten awit asring damel duka lan kuciwa dumateng panjenengan sedaya.

Kula lan rencang-rencang naming saged ngaturaken pandonga mugi amal Bapak Ibu Guru pikantuk piwales saking Allah Swt, tansah pinaringan kawilujengan, kasarasan, lan katentreman.

Dhumateng hadirin sedaya, kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saking Gusti Allah, Amin.

Wasana cekap semanten atur kawula, menawi wonten kalepatan kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamualaikum w.r.w.b.

 

PIDHATO 2

Assalamualaikum w.r.w.b.

Puji syukur kagem Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan kasarasan lan karaharjan.

Kula, minangka wakil saking kelas enem, ngaturakeun agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru saengga saged ngrampungaken kewajiban sekolah wonten ing SD Gelaran II punika.

Mugi sedaya amal lan kasaenan bapak ibu guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Asih lan Maha Agung.

Kula ugi ndedonga, mugi panjenengan sadaya pinaringan kasarasan, kawilujengan, lan katentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Dhumateng rencang-rencang sedaya, mugi tansah pinaringan sehat, rahmat, saha barokah saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, Amin.

Semanten atur saking kawula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kulo nyuwun agunging pengapunten.

Matur nuwun.

Wassalamualaikum w.r.w.b.

 

PIDHATO 3

Assalamualaikum w.r.w.b.

Bapak Kepala Sekolah ingkang kulo hormati.

Bapak Ibu Guru Ingkang satuhu kinurmatan.

Ugi adik-adik lan rencang-rencang ingkang kulo tresnani.

Alhamdulillah puji syukur tansah kito haturaken dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, Ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah sahingga kita sedaya saget makempal wonten ing acara perpisahan kelas 6 punika.

Bapak ibu guru Ingkang kula hurmati, kulo minangka wakilipun putra-putri kelas enem ngaturaken agunging panuwun awit keikhlasan saha katresnan Bapak lan Ibu guru anggenipun nggulawentah para siswa saengga saged ngrampungaken kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangunipun enem tahun.

Bapak ibu guru saha adik-adik, sakedhap maleh kulo sarencang ninggalaken pawiyatan punika. Sanadyan sampun perpisahan ingkang ateges tinebih ing netra, mawantu-wantu kulo tansah nyenyuwun supados taksih celak ing penggalih.

Kula sak konco kelas enem punika tansah nyenyuwun lan ndedonga adik-adik sedaya kasil anggenipun ngangsu kawruh ing pawiyatan punika. Kula minangka wakilipun rencang kelas enem, tansah nyuwun kagem adhik-adhik, mugi-mugi adik-adik sregep anggenipun sinau.

Kulo kinten boten prayogi menawi atur kulo kekatahen, menawi wonten kirang tatakrami anggen kulo matur, kulo nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamualaikum w.r.w.b.

 

PIDHATO 4

Assalamualaikum w.r.w.b.

Bapak Kepala Sekolah ingkang kawula hurmati,

Bapak ibu guru ingkang kinurmatan,

Bapak ibu wali murid ingkang kula tresnani,

Lan rencang-rencang ingkang minulya.

Sumangga kita sedaya ngaturaken puji syukur marang Gusti Allah, saengga kita sedaya saged makempal ing papan punika kanthi sehat lan mboten wonten alangan menapa. Shoalawat salam mugi katetepna dumatheng nabi Muhammad saw.

Ingkang sapisanan, kulo ngaturaken panuwun kangge Bapak/Ibu guru ingkang sampun maringi bimbingan lan mulang ing wekdal 6 tahun terakhir. Mugi-mugi Allah tansah maringi kaberkahan kangge Bapak/Ibu guru sedanten.

Ing kesempatan menika, kula makili kanca kanca saking kelas 6, ugi nyuwun lumunturing samudra pangaksami mbok bilih kula lan para kanca kathah kaluputan ingkang nganggu lan nyinggung raos Bapak/Ibu guru. Mugi-mugi Bapak/Ibu guru saged ngapunteni kanthi ati ingkang jembar.

Kangge adik kelas 1 dumugi kelas 5, tetep sregep anggene sinau kanti tekun, kita kelas 6 kepingin adik adik kelas menika saged dados pelajar ingkang rajin lan tansah ngurmati tiyang sepuh lan Bapak/Ibu guru.

Ingkang salajengipun, mugi-mugi SDN Gelaran II tansah jaya terus.

Bapak/Ibu guru ingkang kinurmatan, kulo makili sedanten kanca kelas 6, nyuwun pamit lan nyuwun doa restunipun mugi-mugi saged pun tampi ing SMP.

Wasana cekap semanten ingkang saged kula aturaken.

Wassalamualaikum w.r.w.b.

Komentari Tulisan Ini
Tulisan Lainnya
Kepala SDN Gelaran II Karangmojo Serahkan Santunan Anak Yatim dari BAZNAS Kabupaten Gunungkidul

Karangmojo, 14 Juli 2026 – SD Negeri Gelaran II Karangmojo kembali menunjukkan kepeduliannya terhadap peserta didik melalui penyaluran santunan bagi anak yatim yang bersumber dari

14/07/2026 09:17 - Oleh Administrator - Dilihat 208 kali
MPLS Kali ini Diawali Upacara Bendera dan Penyematan Tanda Pengenal Murid Baru

Karangmojo, 13 Juli 2026 – SD Negeri Gelaran II Karangmojo resmi mengawali kegiatan Masa Pengenalan Lingkungan Sekolah (MPLS) Tahun Ajaran 2026/2027 dengan penuh semangat dan suas

13/07/2026 09:25 - Oleh Administrator - Dilihat 188 kali
SDN Gelaran II Karangmojo Bagikan Rapor dan Imbau Orang Tua Awasi Anak Saat Liburan

Karangmojo, 26 Juni 2026 – SDN Gelaran II Karangmojo melaksanakan kegiatan pembagian rapor hasil belajar siswa pada Jumat (26/6/2026). Pada kesempatan kali ini, rapor siswa diambi

26/06/2026 09:12 - Oleh Administrator - Dilihat 360 kali
YBM PLN Salurkan Kado Muharram untuk Siswa SDN Gelaran II

Karangmojo, 26 Juni 2026 – Tiga murid SDN Gelaran II Karangmojo menerima bantuan pendidikan dan santunan dari YBM PLN (Yayasan Baitul Maal PLN) dalam program Muharram Berkah 1448

26/06/2026 09:03 - Oleh Administrator - Dilihat 388 kali
Progress Pendaftaran SPMB SMP Siswa SDN Gelaran II Tahun 2026 (SEMENTARA)

23/06/2026 09:06 - Oleh Administrator - Dilihat 477 kali
Lima Hari Pelaksanaan ASAT Berjalan Lancar di SDN Gelaran II Karangmojo

Karangmojo, 12 Juni 2026 – Siswa kelas 1 hingga 5 SDN Gelaran II Karangmojo hari ini menuntaskan pelaksanaan Asesmen Sumatif Akhir Tahun (ASAT) Tahun Pelajaran 2025/2026. Kegiatan

12/06/2026 08:19 - Oleh Administrator - Dilihat 422 kali
Setelah Sempat Berhenti, Program Makanan Bergizi Gratis Kembali Didistribusikan ke Sekolah

Karangmojo, 11 Juni 2026 – Program Makanan Bergizi Gratis (MBG) kembali didistribusikan ke sekolah-sekolah pada Kamis (11/6/2026) setelah sempat berhenti beroperasi sementara sela

11/06/2026 08:35 - Oleh Administrator - Dilihat 511 kali
Pelaksanaan Daftar Ulang di SDN Gelaran II Berjalan Tertib dan Lancar

Karangmojo, 10 Juni 2026 – SDN Gelaran II melaksanakan kegiatan registrasi ulang bagi calon murid baru Tahun Pelajaran 2026/2027 pada tanggal 9–10 Juni 2026. Kegiatan ini me

11/06/2026 08:27 - Oleh Administrator - Dilihat 434 kali
25 Calon Murid Diterima di SDN Gelaran II Karangmojo

Karangmojo, 9 Juni 2026 – SDN Gelaran II Karangmojo secara resmi mengumumkan hasil seleksi Penerimaan Murid Baru (SPMB) Tahun Pelajaran 2026/2027 pada hari Selasa, 9 Juni 2026. P

09/06/2026 10:22 - Oleh Administrator - Dilihat 447 kali
OSN-K 2026 Digelar Serentak, 11 Siswa SD Negeri Gelaran II Ikuti Kompetisi dengan Lancar

Karangmojo, 8 Juni 2026 – Olimpiade Sains Nasional Tingkat Kabupaten (OSN-K) Tahun 2026 dilaksanakan secara serentak di seluruh Indonesia pada Senin, 8 Juni 2026

08/06/2026 20:06 - Oleh Administrator - Dilihat 386 kali